Posts

Showing posts with the label caleg

CALEG(Obrolan Gareng-Petruk)

Image
“Mas Gareng, ngeneh jagongan la karo medang kopi .” Petruk ngejek kakange sing nembe teka. “Hehehe….angger diseng ngopi ta nyong cocog, wah kye ana lipung, bar mbedul pa?” Takone Gareng maring Petruk. Pancen sing jenenge Gareng angger weruh limpung jan senenge ora eram,dasar anu wis dadi klangenane angger weruh limpung ya terus kemecer “Iya kye nyong mau kang kebon deleng wit boled koketone wis kena digoreng, dadi nyong mau mbedhul ana rong wit nggo tamba kepengin, hla nang bojoku kye mau trus digawe limpung.” “Sing genah nyong dadi melu mangan kye.” Gareng ngomong karo mangan themal-themel.Ora klalen wedange kopi disruput mak sruuut…glenggem, ketone ueeenak banget. “Gye mas Gareng nyong tek takon” “Takon apa” “Ora gye, siki bar Contrengan jere ko akeh para Caleg sing ming rumah sakit jiwa,trus ming psikiater,malah ana sing bunuh diri barang ko,si anu kenang ngapa ya?” Takone Petruk ming Gareng. “O…kuwe, gye tek critani.” Gareng trus crita karo mangan limpung.”Sing jenenge dadi Caleg...