CALEG(Obrolan Gareng-Petruk)



“Mas Gareng, ngeneh jagongan la karo medang kopi .” Petruk ngejek kakange sing nembe teka.
“Hehehe….angger diseng ngopi ta nyong cocog, wah kye ana lipung, bar mbedul pa?” Takone Gareng maring Petruk. Pancen sing jenenge Gareng angger weruh limpung jan senenge ora eram,dasar anu wis dadi klangenane angger weruh limpung ya terus kemecer

“Iya kye nyong mau kang kebon deleng wit boled koketone wis kena digoreng, dadi nyong mau mbedhul ana rong wit nggo tamba kepengin, hla nang bojoku kye mau trus digawe limpung.”

“Sing genah nyong dadi melu mangan kye.” Gareng ngomong karo mangan themal-themel.Ora klalen wedange kopi disruput mak sruuut…glenggem, ketone ueeenak banget.

“Gye mas Gareng nyong tek takon”

“Takon apa”

“Ora gye, siki bar Contrengan jere ko akeh para Caleg sing ming rumah sakit jiwa,trus ming psikiater,malah ana sing bunuh diri barang ko,si anu kenang ngapa ya?” Takone Petruk ming Gareng.

“O…kuwe, gye tek critani.” Gareng trus crita karo mangan limpung.”Sing jenenge dadi Caleg kye kudhune nduwe sifat ksatria,kudhu siap kalah lan ora njur dadi ngawur,nek kaya kuwe jenenge wani maju perang ning ora siap kalah, ya dadine kaya kuwe ana sing stress,ana sing protes ming KPU jere gole ngetung suara ora bener, ana sing bunuh dhiri merga isin padahal wis entong duwit pirang-pirang.Malah ana sing wis pesen atribut parte ming pengusaha konveksi urung dibayar, nek kaya kiye apa jeneng ora ngrugekna wong liyan.”

“Nek kaya kuwe jenenge dudu Calon Legislatif ning Calon Legag Legeg ya.” Petruk nyela omong.

“Bener! deneng Mandan cerdas.”

Wong loro jur padha meneng sedhela,Gareng trus nyambung crita.

“Nek tek pikir-pikir ya, kaya-kayane akeh wong pada kepengin dadi Caleg kuwe dudu kepengin dadi wakil rakyat ning kepengin cepet sugih dadi wong sing kepenak apa-apa dicukupi nang Negara, dadi kye kaya anu lowongan pekerjaan anyar. Sapa wonge sing ora kepengin, gajine be puluhan juta, melu Sidang apa ora melu Sidang tetep dibayar, apa kuwe jenenge ora kepenak? saole nyong dhong nonton tivi ana brita sidang DPR, jan korsine akeh sing kosong, padha ora teka mbuh mingendi padahal wis di percaya dadi wakil rakyat be kaya kuwe.”

“Nek ora melu Sidang tetep dibayar ta jenenge mangan gaji buta, mangan duwit rakyat ning ora sah, pada karo Korupsi jenenge.”

“Ala…deneng tambah pinter ko Petruk, wis laya nyong tek bali mandan mendung maning kayane ngko mbengi arep udan gedhe.”

“Iya ya…nyong ya arep ngaso dhisit awake kesel bar kang kebon mau.”Karo nguntabna Gareng kang ngarep lawang.

Comments

  1. wah bolede digoreng rasane enak yaa... engko awan mangan nang pasar purbalingga, enyong wis kepengin mangan soto kriyik ....

    ReplyDelete
  2. ga ngerti, huwaaaaaaaaaaaaaaaaaa

    ReplyDelete
  3. Mas Eka, mohn diterjemahkan...
    biar anak tidore juga ngerti mksdnya.
    tpi q yakin pasti mas Eka sndiri gak bisa kan??/

    Oiya, q ampe skr ga bsa nulis postingann baru. ya tadi sarannya kamu kan, klik di TATA LETAK. Gimana q mau klik, TATA LETAK nya aja gak ada, POkoknya smuanya di DASBOR ga ada..

    kamu punya tman teknisi bloger ga?? minta bantuan tip n triknya...

    ReplyDelete
  4. Aja kaya kuwelaah.. Limpung karo boled trus cimplung senengane inyoonglaah.... Melasi pisan ya mas AWS, ditulungi kwe mbok dadi pindah umah mengko kepriwe, rekasa agi udaan..

    ReplyDelete

Post a Comment

Terimakasih anda telah berkunjung ketempat ini, semoga panjang umur

Popular posts from this blog

MEMBUAT SERULING PARALON

TEORI MUSIK 4

TEORI MUSIK. 1